Salam,
Mas… Q sebenere pengen crita dawa nemen. Q bingung apike crita apa ora karo mas prang. Tapi Q mikire mas prang anak sing paling tua. Q perlu crita ben mas prang ngerti keadaan ng umah.
Mungkin Q ra olih ngomong ng mas prang. Ora olih bapa n mba’S. Tp q ya ra bisa ar ra crita karo mas prang
Ng bisa ngko bengi apa mbesiki bengi mas prang telfon ng umah takon kabar bae kaya biasa. Coba ngko mami crita apa ora. Tapi mas prang apen2 ora ngarti apa2 ya. Ngenteni mami mbuh bapa crita.
Critane kaya kye....
Mas prang kenal karo mas trio mantune budhe uripah (bojone mba tri). Wis setaun Q sebenere curiga mba es ana apa2 karo mas trio. Tapi q ra bisa mbuktikna apa2. toli q ya ra bisa apa2 soale mba s kakangku, mas trio ya bojone mba tri.
Taun wingi pas mba es ng bekasi kan q dolan mana. Kue wis ana apa2 antara mba s karo trio. Kayane ya trio pernah dolan ng bekasi juga. Pas q balik tegal, trio dolan ng umah n ngajak q janjian ng parkiran marina trus ngko boncengan karo trio ng pantai ng brebes mangan iwa bakar. Tapi q ra gelem. Ar telfon q ya ngrayu2 kaya kae. Q ws gede otomatis ngerti maksude apa. Q crita ng mami tapi mami ra percaya.
Beberapa bulan kemudian q balik tegal, q njaluk dijemput mami ng stas ternyata trio nawani maring mami jemput q. Q kaget pas sng njemput jebule wong kue. Pertama q dijak muter2 q takon pan ng ndi jare nggolet maem. Akhire q njaluk maem ng perek stas bae. Pas lagi maem wonge ngei q duit 50ewu. Tak tampani bae mbokan kakang eman karo adine tapi pas ngein duit karo ngomong ”sing penting nurut” mbuh maksude apa. Bar mangan bakso, ra langsung balik malah arahe motor maring pai. Q njaluk muter balik wonge ra gelem. Akhire ng pai. Kejadian kue bengi2. pas anjog pai trio ngajak q njagong ng motoran ng sebelahe trio. Q ra gelem n’ njaluk balik bae. Tak ancem tak domongna ibu ar wonge macem2. akhire wonge jengkelen karo ngomong “ko ga nurut sih” trus balik. Ng dalan ngomongi q aja gomong karo mami ng miki ng pai disit. Pirang ndinane ng umah maning trus nyodorna duit maning ng q 20ewu. Tapi q ra gelem. Q ngomong sungkan ar gon nurut. Bar kue ora wani maning karo q. Kejadian kue wis sue nemen. Pan setaun ndean. Tapi q esih curiga esih ana apa2 karo mba s.
Wulan wingi mba s ng kyai ng smg “ustadz cilik guntur bumi” sng sering mlebu ng tipi. ternyata mba s kena santet ben angel ketemu jodone. Pertama mba s mana dewek. Kedua n ketiga Q sing nganter mana ng ustadze. Mb s dirukiyah mediane endog ng jerone ana jarume wis karaten. Q be nganti mikir sapa sing tega kaya kue.
Lah mau esuk mami nelfon Q karo nangis2. jare mas trio ng umah ngomong karo mami n bapa jare mba’S uripe ng smg kaliren. Kurangan duit, ora kerja, ben wulan trio sing ngirimi duit nggo mba s nggo urip mba’S ng smg. Mau esuk trio ng mami njaluk duit ng mami 500ewu jare nggo ngirim mba s. Q wis ngmng mami aja percaya omongane trio. Soale Q ngerti mba’S ng kene kwe kerja. Mbiyen kerja sa conter karo Q. kye esih kerja ng matahari. Tabungane mba’S be sajuta ya ana nabung ar olih gaji. Q ya nabunge ng mba’S ar olih kiriman sng mas prang. Mbokan ar tak cekel entek dadine tak gon cekelna mba’s. Ar butuh duit kan mba’s bisa njukut duit Q. Trio ngmonge nggawe mami nangis bae.
Mba S langsung tak takoni sebenere ana hub apa karo trio. Ternyata trio seneng mbaS. Trio sing nyantet mbaS. Wis setaun mbaS na hub karo trio. Mungkin kye santete wis ilang dadine mbS sadar n wis due due pacar. Tapi ya kue. Sayange mbS ya crite ng trio ws ng kyai, tapi bapa ibu ora ngerti ana hub antara mba s karo trio. Mas prang ya ngko ora usah crita karo bapa ibu. Q wedine mbokan dadi pikiran nggo bapa. mbaS ya melasi pengin lepas karo wong kae tapi wonge ngejar2 bae. ar mas prang nelfon mbas pa mami ya aja nyalahna mbaS. mbS ya Q ngerti asline stress mikiri wong kae. nganti awake mbaS tambah gering nemen. trio Ana ngancem pan bunuh diri anapa. Makane mbaS ora tega. pan crita ng bapa ya ora wani soale esih mikir kue sedulur walopun sedulure asline mba3. kwe dudu apa2ne. Q ya pan ngapa2in ya wedine ana apa2 karo bapa ibu ng umah. Toli mbokan keluarga besare dewek malah tukaran n ancur gara2 kejadian kue.
tapi mau Q wis ngancem trio aja nggawe bapa ibu kepikiran sing terlalu. jujur bae mau wonge wis tak ganyami lewat telpon. pas Q nelpon bapa ng umah jebule trio wis ng umah maning mbuh pan ngompor2i bapa ibu mbuh pan apa. Q njaluk telpone diwekwnw ng trio ben Q ngomong maning karo wonge. tak ganyami maning tak kongkon balik aja dolan ng umah maing nggawe mami nangis terus krungu omongane trio sng kaya kae.
Makane Q crita karo mas prangg Q kudu kepimen. Kye Q ya dikongkon bapa balik ben nenangna mami ben ora nangis2 terus. mami nganti ora bisa ngomong tak telpon malah sesenggukan tok. Q cuma melas karo bapa tok. wis tua malah pikirane ditambahi kaya kue. Q asline pengen balik disit ng umah sawulan apa pimen ben trio ra ngganggu maning tapi TAku ngko pimen. komputere ng kene Q ngko nggawene c pimen. Biasane kan bapa ibu luih percaya n manut karo omongane mas prangg. Asline ya Q ra pengen ngawe pikiran nggo mas prangg. Tapi Q kudu crita karo sapa maning. Ng umah ya laka kakang lanang. Kye Q sebenere esih ana urusan karo penerbite durung beres kabeh. Tapi Q ya kudu balik. Soale trio ng umah terus manas-manasi bapa ibu, bapa ibu ya percaya omongane trio. Mbokan ana apa2 karo umah.
Ya wis ya mas. Tolong diwei saran secepete Q kudu pimen. Dongakna juga masalah kie cepet rampung. Makasih ya...
Salam
Dian,
Jumat, Agustus 1
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar